Wingi bengi Lamsijan karo Dul Gepuk nembe bae teka sing Kutai, Kalimantan Timur. Ana oli-oli sing bisa gawe gemuyu seanak putu.
“Oli-oli gadis Dayak tah Jan?” takon Misnen sohibe sing lambe bari untue balapan.
“Dudu gadis Dayak, tapi cerita Kon-Sultan Cerbon sing nemu sial” jare Lamsijan
“Ceritae priben Jan ?” takon Misnen, setengah beli sabar.
“Critae Kon-Sultan sing arane Kheno, oli karcis gratis turu ning hotel berbintang, tapi sing sekamer rame-rame diisi wong papat” jare Lamsijan maning.
Gelise ning cerita, Kheno sing sedina-dinae nganggo jas lan dasi bae ngatur batur-bature sing pada melu turu ning hotel gratisan.
“Sira (Asep karo Sumbada) turue ning kasur bang lor, loroan. Lamsijan karo isun, turue dewek-dewek, tapi springbede dibagi loro. Tumpukan sing duwur nganggo Lamsijan, tumpukan sing ngisor nganggo isun” jare Kheno.
Sewise Asep, Sumbada karo Lamsijan wis pada leleson, Mister Kheno langsung nyopot jas lan dasie bari ngomong yen kasur hotel berbintang kuh empuke pada karo pipie gadis Dayak.
Saking bungahe turu ning hotel. Kheno sengaja nibakenang awake ning kasur sing dibayangaken empuk pisan.
“GEDUBRAAAK…!!!” bareng niba ning kasur cangkeme Mister Kheno prangas – pringis saking larae. Apa sebabe ? kasur tumpukan ngisor ternyata kayu ulin sing atose pada bae karo watu Bobos.
“Geeerrr….” Misnen sebatur gemuyu kepingkel-pingkel.
“Eh….. ngomong-ngomong, Kheno kuh konsultan bidang apa ?” takon Misnen.
“Kon-Sultan kuh maksude kongkonan Sultan” jawab si Lamsijan.
Angger bae !!!